KATA MUTIARA

Kamis, 01 Maret 2012

Unen-unen sing biso dadi Pangeling-eling kanggo urip

| Kamis, 01 Maret 2012
Unen-unen kang biso sumampir ono ing sak jeroning ati lan biso di dadekake pangeling eling kanggo urip pinuju kebecik'an lan ketentremaning ati ,sak derengipun kawulo ucap'aken matur sembah nuwun dumateng tiang engkang sampun mbimbing kulo lan tansah ngelingaken kulo pinuju sejatineng urip wonten ngalam ndunyo meniko,
Bebasan urip mung mampir ngombe .
Ora mangerteni Wiwet lan pungkasane.
Kabeh wes di jatah lan ora biso di bantah.
Abot enteng kari sing nyonggo.
Akeh sitik Kari sing nerimo.
Ojo Ngresulo ing njero dodo .
Ojo Gelo yen ora kegawan bondho.
Dudhu arto sangune sedo .
Dudhu kereto kunci kanggo bukak lawange swargo.
Manembahing mituhu ugo eling marang Gusti kang ngelar bumi.
Ugo ngarepne dalan kamulyan ndhonyo lan akherot.
Pedot tali gantunge iman sebab kahanan lan rayune sayton.
Rontok kembange islam amargo banyuneng maksiat lan kemungkaran.
Sepiro gedhene sengsoro yen tinompo amung dadi cobo.
Eling gariseng yo mung kagungane Allah Rabbul Izzati.
manunggal lan nyawijineng iman klawan islam iro dadekne padange pikiran lan jembare ati.

Mugi-mugi kemawon bermanfaat dumateng engkang sampun maos tulisan meniko lan saget di dadosaken pangeling-eling ing gesang wonten ngalam dhonyoengkang sak untoro meniko,,,,

Judul Artikel Diatas Unen-unen sing biso dadi Pangeling-eling kanggo urip dengan url https://ahwalilah.blogspot.com/2012/02/unen-unen-sing-biso-dadi-pangeling.html,Terima Kaih Telah Berkunjung Dan membaca Unen-unen sing biso dadi Pangeling-eling kanggo urip di baca aja untuk menambah ilmu baru mengenai Unen-unen sing biso dadi Pangeling-eling kanggo urip Terima kasih.

Related Posts